Sewu Dino
"Telpon wae, Bapak nembe gerah! Sampean iki ganggu Bapak senengane" suara anak laki-laki itu terdengar begitu kesal, tanpa salam diletakkannya handphone itu begitu saja.
"Kok kasar to Nang?" Aku mendengar suara Mas Rudi mendekat.
"Mas"
"Halo Dek, piye kabare?"
"Sampean loro, Mas?" Tanyaku.
"Ora, gur kekeselen"
"Ndek mau sopo sing nompo, Mas?"
"Mbi anake dewe wae wes lali, Dek"
Aku diam, hatiku perih mendengar kalimat Mas Rudi.
"Dek, nangis neh yo? Bagas mau sing nompo. Nek ngomong koyo sopo coba?" Mas Rudi mencoba mengalihkan pembicaraan.
Hampir dua tahun aku tak pernah melihat anakku. Bukan aku lari, aku hanya ingin memantapkan hati tinggal bersama kenangan Mas Santo atau menerima pinangan Mas Rudi. Biarlah waktu yang menjawab mungkin nanti jika aku kembali Mas Rudi telah beristri.
………
"Aku urung siap kelangan neh Mbah" jawabku saat Mbah Danu bertanya padaku tentang Mas Rudi. Bagaimana dengan si kembar jika Mas Rudi pergi?
"Nduk, lakone manungso iku bedo-bedo, koyok driji limo sing kok gawa ndue peranan dewe-dewe meski tunggal nyawa"
Aku hanya diam. Bayang-bayang kehilangan selalu menghantui kemanapun Aku pergi.
……
"Mas sampean gak kangen mbi aku tah? Gak sayang ngono, Mas?" Tanyaku suatu malam.
"Pengen ngucap sayang, mengko sampean ngilang neh. Jane yo kangen, tapi sampean opo gelem?"
"Mulane ngomong, Mas!"
"Balik yo, Dek!"
"Aku gak takon balik ora, aku takon sampean sayang ora ambi aku, kangen ora? Malah ngomong balik"
"Opo sing diomongke Simbah kurang jelas, Dek"
"Aku gak takon Simbah, aku takon sampean! Ndang jawab!"
"Jane Rudi kui seneng awakmu ket mbiyen lho Nduk, nek ora sayang mosok yo gelem ngrawat Bagas mbi Bagus? Cuma ora gelem mekso"
"Mbah Tanu?" Kudengar suara Mbah Tanu disana
"Dek, sepurane Bagas mau rewel"
"Sing ngomong mau sopo Mas? Mbah Tanu?"
"Kenopo Dek?"
"Ya Allah Mas sampean ngisin-ngisini aku"
"Kabeh lagi ngumpul, Dek"
Aku diam tak menjawab ucapan Mas Rudi.
"Dek, balik yo!"